Sabtu, 25 Oktober 2014

MENTERI KABINET INDONESIA HEBAT DI BIDIK KPK

BAGAIMANA NASIB MEREKA YANG TERSINGKIR 



Assalaamu'alaikum wr wb 

Tabik untuk semua pendagel Indonesia .

Indonesia baru , pilihan rakyat , tanggal 20 Oktober 2014 meriah di bundaran HI .

Lari lari kecil , hiruk pikuk menyambut kedatangan Presiden ke 7 Joko Wi dan Wakil Prsiden JK . Lambaian tangan kemenangan , sorak hore menggelegar diangkasa, diiringi tabuhan bedug dan tam tam , diintip burung gagak yang terkena stabilo warna merah , kuning dan hijau dari langit langit dunia fata morgana, banyak kalangan dagelan ikut tertawa , rasanya wis ngulandoro , ngamboro amargo rancangan republik refolusi hebat 'wajib " nunggu pepiling saka KPK ( KORUM PENDAGEL KEADILAN ) .

Nganti titi wanci saiki , enyong minangka pandegane republik refolusi hebat isih ngamboro ing awang-awang , angelangut bebasan tanpo watesan , ngelamun , bingung nggak bisa nggandeng konco , amargo konco wis dho wedi ngancani aku . Akeh dho boroken. Ambune borok angabrat - abrat nganti tumeka ing KPK , andadekake terus gebres banter buanget , agawe ndredeg ngewel , dideleng karo wargo republik refolusi hebat sing kaselak ora sabar anggone anganti kabinet republik hebat . 

Wulan Asyura kayatan dadi tetenger tumrap tandang gaweku kanthi kapekso aku mbiarakake konco koncoku sing kapilih arep tak lungguhake ing kabinet praja republik refolusi hebat tangap warsa 2014 - 2019 . Ana sing ngarani aku kuwanen. Para pinisepuh biyen amedar sabda , yen siji asyura iku nggonen tafakur nyang Gusti Allah sing murbeng dumadi alam ghaib . Ojo pethakilan . 

NGONO PIWULANG PINISEPUH SING ADILUHUNG . 

Saiki calon nayoko prajo ing kabinet republik refolusi hebat wis ditengeri karo KPK yen resiiiiiik kabeeeh . Hebat beneran lho awal tumandang gawe nganggo klambi resik, celana resik, minyak wangi resik . Ndemenake temenan . Mesthi kerep resik resik . Yen ora kelakon mesthi dadi dagelan .

Mulane yen mbesuke kok ana salah suwijine nayoko projo mau konangan K P K  , lan ketangkep amarga isih seneng lan sregep KORUPSI , NYOLONG , NGRAMPOK, NYOPET , NGAPUSI , NGUTIL , JALUKAN RA WEWEHAN , SING ngrugekake duwite projo republik refolusi hebat , kok ora diperiksa KPK ( korum pendagel keadilan ) , yo DAGELAN TEMENAN . 

Yen koyo mangkono warga republik dagelan pasrah wae marang malaikat Jibril (as) wae, ben dijabut kamulyane lan entuk azab kang gedhe banget . 

Iku kapeksa diayahi amarga warga Republik Dagelan ora kuwagang nangani kongkalikong antarane calon nayoko projo republik refolusi hebat sing wis di-STABILO warna abang, ijo lan kuning dening KPK ( KORUM PENDAGEL KEADILAN nanging tetap diselametake .

Yen para nayoko projo republik refolusi hebat sing awale distabilo abang, ijo lan kuning dening KPK kok ora diusut , we ladala.... praja republik refolusi dagelan arep membubarkan diri. 

Arep mriksa K P K yo ora wani ...................................................... kuatir diarani dagelan pathet 9 . Wektune pathet 9 kan jam 24.00 waktu republik hebat . Akeh wis dha ngantuk . Lan kebacut turu ngorok senggar senggur .  

Sajake dewan pelawak republik atas angin angin sing isih wani mriksa K P K . Nanging....arep njaluk tulung gak kuat ngragati . Duwite republik dagelan isih dadi harta qorun . Yen dijupuk konangan PePeAaTeKa. Punggawa projo republik dagelan ini koyo ontorjo , bisa ndlesep mlebu bumi yen arep ndeleng duwit qorun mau .  

Kedadeyane yo resolusi mental . Wah ... resolusi mental iku medeniiiii sebab abote sak gunung slamet , sak gunung sumbing, sak gunung Ungaran, sak gunung lawu, sak gunung sinabung , sak gunung jaya wijaya lan sak gunung merbabu . 

Ateges Republik Refolusi Hebat cepet QIYAMAT ........ 


Wasalamualaikum wr wb 



Semarang , 25 Oktober 2014 ( 1 Muharram 1436 H )


Tidak ada komentar:

Posting Komentar